السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ
اللهِ وَبَرَكاَتُهُ
أَعُوْذُ بِاللّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. بِسْمِ اللَّهِ
الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ الْحَمْدُ لِلَّهِ الْفَتَّاحِ الْجَوَّادِ الْمُعِيْنِ عَلَى تَفَقُّهِ فِى الدِّيْنِ
مَنْ اِخْتَارَهُ مِنَ الْعِبَادِ. أشْهَدُ أنْ
لآإلهَ شَهَادَةً تُدْخِلُنَا
دَارَالْخُلُوْدِ. وأشْهدُ أنَّ سَيِّدَنَا محمَّدًا عبدُه ورسولُه صَاحِبُ
الْمَقَامِ الْمَحْمُوْدِ صَلَّى اللّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وعلى آله وأصحابه صَلاَةً
وَسَلاَماً مَا أَفُوْرُ بِهِمَا يَوْمَ الْمَعَادِ.قَالَ النَّبِىُّ صَلَّى
اللّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ : كُلُّ غُلاَمٍ رَهِينَةٌ بِعَقِيقَتِهِ تُذْبَحُ
عَنْهُ يَوْمَ سَابِعِهِ وَيُحْلَقُ وَيُسَمَّى أما بعد
·
سَعَادَةَالْكُرَمَاء وَعُلَمَآءَالْأَفَاضِلْIngkang tansah kula mulyaaken para alim
ulama, para kyai saha ibu nyai, Wabil khusus dumateng panjenenganipun Bpk Ust.
Ulin Nuha ingkang kita tenggo nasehat diniyyahipun
·
Sesepuh saha pinisepuh ingkang hanggung mastuti
·
Shohibul hajah Bpk drh. Nur Fauzi Akhmad saha
keluarga ingkang dahat kinurmatan
·
Para pangambaning projo, ingkang kula bektosi
saha kita hormati
·
Grup hadroh MTTA pimpinan Bpk H. A. Yasin
saking Karangduren Sawit ingkang minulya
·
Para lenggah hadirin walhadirot ingkang tansah
kinurmatan
Wonten
ngersanipun para alim ulama, sepindah monggo kita tansah ngunjukaken pujo
lan hastuti dumateng Allah SWT. Amargi
kanti luberipun rohmat lan nikmatipun Allah SWT kito saged kempal silaturrahim
wonten mriki majlis kanti wilujeng sehat
wal-afiyat kalis nir sambikolo.
Sholawat
saha salam biqouli Allahumma sholli ‘ala sayyidina Muhammad mugiyo
tansah kaatur kaharibaan Nabi agung
Muhammad SAW, nabi ingkang sampun paring pitedah dumateng kita lan mugi-mugi
kita dados ummatipun ingkang pikantuk syafa’atipun mbenjing wonten yaumil
qiyamah...Allahumma amin.
Para
hadirin para rawuh ingkang kinurmatan
Kula
wonten mriki ingkang kajibah minangkani pranata acara badhe ngaturaken
reraciing adicara Walimatut-tasmiyyah wal-aqiqah Putra kaping-4 saking
Bpk drh. Nur Fauzi Akhmad. Hadirin-walhadirot tamu undangan ingkang kula
mulyaaken.....sakderengipun adicara kalampah, langkung saenipun kula waosaken
rantamaning adicara
·
Adicara sepindah pembikaan
·
Kaping kalih waosan ayat suci alqur’an
·
Adicara kaping tiganipun atur pambagyo utawi
sambutan
·
Kaping sekawanipun...
·
Adicara kaping gangsal nun inggih mauidhoh
hasanah ingkang badhe dipun kamedhal sabda dening panjenenganipun Bapak Ust.
Ulin Nuha saking Popongan Klaten
·
Adicara pamungkas nun inggih doa penutup
Hadirin
ingkang sinubo ing pakhurmatan, keranten wekdal punika sampun ndungkap ndalu,
pramilo sumonggo kangge iftitahul majlis, adicara wonten ndalu punika kita
bikak sesarengan kanthi wasilah waosan surat al-fatihah.
عَلَى
هَذِهِ النِّيَةِ وَكُلِّ نِيَّةٍ صَالِحَةٍ الفَاتِحَةَ..................
Matur sembah
nuwun kula aturaken mugiyo kanti barokah surat al-fatihah kala wau saged
andadosaken acara punika lancar dumugi purna, lumintu mboten wonten alangan
punapa-punapa...Allahumma amiiin...
Adicara kaping
kalih nun inggih waosan ayat suci al-Qur’an ingkang badhe dipun salirani dening
panjenenganipun ustadz .................... saking ..........................
Sawit Wekdal saha panggenan kula sumanggaaken.
صَدَقَ
اللهُ العَظِيْمِ وَصَدَقَ رَسُوْلُهُ الْكَرِيْمُ وَنَحْنُ عَلَى ذَالِكَ مِنَ
الشَّاهِدِيْنَ وَالشَّاكِرِيْنَ
Para
hadirin ingkang kinurmatan.....
Ndungkap
adicara angka tiga nun inggih atur pambagyo utawi sambutan. Wondene wonten
kalodangan menika sambutan ingkang sepindah saking shohibul bait. Dumateng
panjenenganipun ............................................... wekdal miwah
panggenan kula sumanggaaken.
Matur
Nuwun kula aturaken.
Sambutan
angka kalih saking sesepuh Desa Kemasan. Dumateng panjenenganipun Bapak H.
Jamal Ahmadi wekdal saha panggenan kula sumanggaaken.
Sambutan
angka tiga saking Bapak kepala desa Kemasan Sawit Boyolali. Dumateng
panjenenganipun Bapak Sri Susilo Indriyanto, A.Md. wekdal saha panggenan kula
sumanggaaken.
Adicara
kaping sekawan inggih punika .............................
Sumonggo
rencang-rencang saking grup hadroh MTTA pimpinan Bpk H. A. Yasin saking
Karangduren Sawit nglajengaken punapa ingkang dados tugasipun.
Acara
istirahat kita cekapaken.
Ndungkap lumampahing titi laksono menggah
runtuting adicara ingkang angka gangsal nun inggih mauidhoh hasanah,
wondene wonten wekdal sakmenika badhe kamedhal sabdo dening panjenenganipun Bapak
Ust. Ulin Nuha saking Popongan Klaten. Dumateng panjenenganipun, wekdal
miwah panggenan sawetahipun saha sahandaping raos dipun sumanggaaken.........
Mekaten
saha semanten mauidhoh hasanah, mugi-mugi kanthi uraian hikmah kala wau
kita sedaya saged mendet manfaat lan dados sababipun tambahe iman lan takwa kita
sedaya...Allahumma amiin.....
Hadirin
wal hadirot ingkang kinurmatan........wondene adicara ingkang pamungkas nun inggih doa panutup, ingkang kasuwunaken
barokah doa dumateng panjenenganipun........................................................ananging
sakderengipun adicara do’a kalampah, kula minangkani pranata acara wiwit awal
dumugi pungkasan, kathah kasar saruning rembak saha kirang trapsilaning tembung
lan polah, nyuwun agunging samudra pangaksami wusono kula pungkasi
آخر
الكلام بالله التوفيق والهداية والرضا والعناية
Wassalamu’alaikum
warohmatullahi wabarokatuh
Dumateng
panjenenganipun Bpk....................................................wekdal
saha panggenan kula sumanggaaken.