Senin, 24 Desember 2012

Do'a Aqiqah



Pada saat menyembelih membaca:
بِسْمِ اللهِ وَاللهُ أَكْبَرُ. اللَّهُمَّ صَلِّ وسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ .
اَللَّهُمَّ هَذَا مِنْكَ وَلَكَ. اَللَّهُمَّ هَذِهِ عَقِيْقَةُ ) Nama Anak   بِنْ Nama Ayah    .....  
Do’a Aqiqah
بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ. اَللّهُم ‍َّ رَبِّىْ,إِنَّ هَذِهِ عَقِيْقَةُ (زِدْنَا فَقِيْهْ كَمُلَ   بِنْ نُورْ فَوْزِى أَحْمَدْ) دَمُهَا بِدَمِهِ وَلَحْمُهَا بِلَحْمِهِ وَعَظْمُهَا بِعَظْمِهِ وَجِلْدُهَا بِجِلْدِهِ وَشَعْرُهَا بِشَعْرِهِ. اَللَّهُمَّ اجْعَلْهَا فِدَاءً لِ (زِدْنَا فَقِيْهْ كَمُلَ   بِنْ نُورْ فَوْزِى أَحْمَدْ) مِنَ النَّارِ

Acara Walimah Aqiqah



السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكاَتُهُ
أَعُوْذُ بِاللّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ الْحَمْدُ لِلَّهِ الْفَتَّاحِ الْجَوَّادِ الْمُعِيْنِ عَلَى تَفَقُّهِ فِى الدِّيْنِ مَنْ اِخْتَارَهُ مِنَ الْعِبَادِ. أشْهَدُ أنْ لآإلهَ  شَهَادَةً تُدْخِلُنَا دَارَالْخُلُوْدِ. وأشْهدُ أنَّ سَيِّدَنَا محمَّدًا عبدُه ورسولُه صَاحِبُ الْمَقَامِ الْمَحْمُوْدِ صَلَّى اللّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وعلى آله وأصحابه صَلاَةً وَسَلاَماً مَا أَفُوْرُ بِهِمَا يَوْمَ الْمَعَادِ.قَالَ النَّبِىُّ صَلَّى اللّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ : كُلُّ غُلاَمٍ رَهِينَةٌ بِعَقِيقَتِهِ تُذْبَحُ عَنْهُ يَوْمَ سَابِعِهِ وَيُحْلَقُ وَيُسَمَّى أما بعد 

·            سَعَادَةَالْكُرَمَاء وَعُلَمَآءَالْأَفَاضِلْIngkang tansah kula mulyaaken para alim ulama, para kyai saha ibu nyai, Wabil khusus dumateng panjenenganipun Bpk Ust. Ulin Nuha ingkang kita tenggo nasehat diniyyahipun
·           Sesepuh saha pinisepuh ingkang hanggung mastuti
·           Shohibul hajah Bpk drh. Nur Fauzi Akhmad saha keluarga ingkang dahat kinurmatan
·           Para pangambaning projo, ingkang kula bektosi saha kita hormati
·           Grup hadroh MTTA pimpinan Bpk H. A. Yasin saking Karangduren Sawit ingkang minulya
·           Para lenggah hadirin walhadirot ingkang tansah kinurmatan
Wonten ngersanipun para alim ulama, sepindah monggo kita tansah ngunjukaken pujo lan  hastuti dumateng Allah SWT. Amargi kanti luberipun rohmat lan nikmatipun Allah SWT kito saged kempal silaturrahim wonten mriki  majlis kanti wilujeng sehat wal-afiyat kalis nir sambikolo.
Sholawat saha salam biqouli Allahumma sholli ‘ala sayyidina Muhammad mugiyo tansah  kaatur kaharibaan Nabi agung Muhammad SAW, nabi ingkang sampun paring pitedah dumateng kita lan mugi-mugi kita dados ummatipun ingkang pikantuk syafa’atipun mbenjing wonten yaumil qiyamah...Allahumma amin.
Para hadirin para rawuh ingkang kinurmatan
Kula wonten mriki ingkang kajibah minangkani pranata acara badhe ngaturaken reraciing adicara Walimatut-tasmiyyah wal-aqiqah Putra kaping-4 saking Bpk drh. Nur Fauzi Akhmad. Hadirin-walhadirot tamu undangan ingkang kula mulyaaken.....sakderengipun adicara kalampah, langkung saenipun kula waosaken rantamaning adicara
·           Adicara sepindah pembikaan
·           Kaping kalih waosan ayat suci alqur’an
·           Adicara kaping tiganipun atur pambagyo utawi sambutan
·           Kaping sekawanipun...
·           Adicara kaping gangsal nun inggih mauidhoh hasanah ingkang badhe dipun kamedhal sabda dening panjenenganipun Bapak Ust. Ulin Nuha saking Popongan Klaten
·           Adicara pamungkas nun inggih doa penutup

Hadirin ingkang sinubo ing pakhurmatan, keranten wekdal punika sampun ndungkap ndalu, pramilo sumonggo kangge iftitahul majlis, adicara wonten ndalu punika kita bikak sesarengan kanthi wasilah waosan surat al-fatihah.
عَلَى هَذِهِ النِّيَةِ وَكُلِّ نِيَّةٍ صَالِحَةٍ الفَاتِحَةَ..................
Matur sembah nuwun kula aturaken mugiyo kanti barokah surat al-fatihah kala wau saged andadosaken acara punika lancar dumugi purna, lumintu mboten wonten alangan punapa-punapa...Allahumma amiiin...
Adicara kaping kalih nun inggih waosan ayat suci al-Qur’an ingkang badhe dipun salirani dening panjenenganipun ustadz .................... saking .......................... Sawit Wekdal saha panggenan kula sumanggaaken.
صَدَقَ اللهُ العَظِيْمِ وَصَدَقَ رَسُوْلُهُ الْكَرِيْمُ وَنَحْنُ عَلَى ذَالِكَ مِنَ الشَّاهِدِيْنَ وَالشَّاكِرِيْنَ 
Para hadirin ingkang kinurmatan.....
Ndungkap adicara angka tiga nun inggih atur pambagyo utawi sambutan. Wondene wonten kalodangan menika sambutan ingkang sepindah saking shohibul bait. Dumateng panjenenganipun ............................................... wekdal miwah panggenan kula sumanggaaken.
Matur Nuwun kula aturaken.
Sambutan angka kalih saking sesepuh Desa Kemasan. Dumateng panjenenganipun Bapak H. Jamal Ahmadi wekdal saha panggenan kula sumanggaaken.
Sambutan angka tiga saking Bapak kepala desa Kemasan Sawit Boyolali. Dumateng panjenenganipun Bapak Sri Susilo Indriyanto, A.Md. wekdal saha panggenan kula sumanggaaken.
Adicara kaping sekawan inggih punika .............................
Sumonggo rencang-rencang saking grup hadroh MTTA pimpinan Bpk H. A. Yasin saking Karangduren Sawit nglajengaken punapa ingkang dados tugasipun.
Acara istirahat kita cekapaken.
Ndungkap lumampahing titi laksono menggah runtuting adicara ingkang angka gangsal nun inggih mauidhoh hasanah, wondene wonten wekdal sakmenika badhe kamedhal sabdo dening panjenenganipun Bapak Ust. Ulin Nuha saking Popongan Klaten. Dumateng panjenenganipun, wekdal miwah panggenan sawetahipun saha sahandaping raos dipun sumanggaaken.........
Mekaten saha semanten mauidhoh hasanah, mugi-mugi kanthi uraian hikmah kala wau kita sedaya saged mendet manfaat lan dados sababipun tambahe iman lan takwa kita sedaya...Allahumma amiin.....
Hadirin wal hadirot ingkang kinurmatan........wondene adicara ingkang pamungkas  nun inggih doa panutup, ingkang kasuwunaken barokah doa dumateng panjenenganipun........................................................ananging sakderengipun adicara do’a kalampah, kula minangkani pranata acara wiwit awal dumugi pungkasan, kathah kasar saruning rembak saha kirang trapsilaning tembung lan polah, nyuwun agunging samudra pangaksami wusono kula pungkasi
آخر الكلام بالله التوفيق والهداية والرضا والعناية
Wassalamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh
Dumateng panjenenganipun Bpk....................................................wekdal saha panggenan kula sumanggaaken.  

Minggu, 23 Desember 2012

SYI'IRAN GUS DUR

Syiir Tanpo Wathon (Syair Tanpa Judul) Ngawiti ingsun nglaras syi’iran (aku memulai menembangkan syi’ir) Kelawan muji maring Pengeran (dengan memuji kepada Tuhan) Kang paring rohmat lan kenikmatan (yang memberi rohmat dan kenikmatan) Rino wengine tanpo pitungan 2X (siang dan malamnya tanpa terhitung) Duh bolo konco priyo wanito (wahai para teman pria dan wanita) Ojo mung ngaji syareat bloko (jangan hanya belajar syari’at saja) Gur pinter ndongeng nulis lan moco (hanya pandai bicara, menulis dan membaca) Tembe mburine bakal sengsoro 2X (esok hari bakal sengsara) Akeh kang apal Qur’an Haditse (banyak yang hapal Qur’an dan Haditsnya) Seneng ngafirke marang liyane (senang mengkafirkan kepada orang lain) Kafire dewe dak digatekke (kafirnya sendiri tak dihiraukan) Yen isih kotor ati akale 2X (jika masih kotor hati dan akalnya) Gampang kabujuk nafsu angkoro (gampang terbujuk nafsu angkara) Ing pepaese gebyare ndunyo (dalam hiasan gemerlapnya dunia) Iri lan meri sugihe tonggo (iri dan dengki kekayaan tetangga) Mulo atine peteng lan nisto 2X (maka hatinya gelap dan nista) Ayo sedulur jo nglaleake (ayo saudara jangan melupakan) Wajibe ngaji sak pranatane (wajibnya mengkaji lengkap dengan aturannya) Nggo ngandelake iman tauhide (untuk mempertebal iman tauhidnya) Baguse sangu mulyo matine 2X (bagusnya bekal mulia matinya) Kang aran sholeh bagus atine (Yang disebut sholeh adalah bagus hatinya) Kerono mapan seri ngelmune (karena mapan lengkap ilmunya) Laku thoriqot lan ma’rifate (menjalankan tarekat dan ma’rifatnya) Ugo haqiqot manjing rasane 2 X (juga hakikat meresap rasanya) Al Qur’an qodim wahyu minulyo (Al Qur’an qodim wahyu mulia) Tanpo tinulis biso diwoco (tanpa ditulis bisa dibaca) Iku wejangan guru waskito (itulah petuah guru mumpuni) Den tancepake ing jero dodo 2X (ditancapkan di dalam dada) Kumantil ati lan pikiran (menempel di hati dan pikiran) Mrasuk ing badan kabeh jeroan (merasuk dalam badan dan seluruh hati) Mu’jizat Rosul dadi pedoman (mukjizat Rosul(Al-Qur’an) jadi pedoman) Minongko dalan manjinge iman 2 X (sebagai sarana jalan masuknya iman) Kelawan Alloh Kang Moho Suci (Kepada Alloh Yang Maha Suci) Kudu rangkulan rino lan wengi (harus mendekatkan diri siang dan malam) Ditirakati diriyadohi (diusahakan dengan sungguh-sungguh secara ihlas) Dzikir lan suluk jo nganti lali 2X (dzikir dan suluk jangan sampai lupa) Uripe ayem rumongso aman (hidupnya tentram merasa aman) Dununge roso tondo yen iman (mantabnya rasa tandanya beriman) Sabar narimo najan pas-pasan (sabar menerima meski hidupnya pas-pasan) Kabeh tinakdir saking Pengeran 2X (semua itu adalah takdir dari Tuhan) Kelawan konco dulur lan tonggo (terhadap teman, saudara dan tetangga) Kang podho rukun ojo dursilo (yang rukunlah jangan bertengkar) Iku sunahe Rosul kang mulyo (itu sunnahnya Rosul yang mulia) Nabi Muhammad panutan kito 2x (Nabi Muhammad tauladan kita) Ayo nglakoni sakabehane (ayo jalani semuanya) Alloh kang bakal ngangkat drajate (Allah yang akan mengangkat derajatnya) Senajan asor toto dhohire (Walaupun rendah tampilan dhohirnya) Ananging mulyo maqom drajate 2X (namun mulia maqam derajatnya di sisi Allah) Lamun palastro ing pungkasane (ketika ajal telah datang di akhir hayatnya) Ora kesasar roh lan sukmane (tidak tersesat roh dan sukmanya) Den gadang Alloh swargo manggone (dirindukan Allah surga tempatnya) Utuh mayite ugo ulese 2X (utuh jasadnya juga kain kafannya) (habis/far)