Minggu, 09 Juni 2013

BIOGRAFI SANG GURU

  http://groupsantoso.wordpress.com/2012/06/18/biografi-singkat-kh-thoha-muid/

Lagu anak-anak TPQ Pondok Pesantren Mambaul Barokah Kemasan Sawit Boyolali

Lagu: Lihat kebunku ( Lihat masjidku) Lihat masjidku, penuh dengan santri Ada yang putra dan ada yang putri setiap hari, selalu mengaji Karena mengaji, perintah Ilahi Lagu: Abang tukang bakso ( Ustadz guru ngaji) By: Mardiman, SPdI Ustadz guru ngaji, mari-mari sini, aku mau ngaji Satu ayat saja, tidak apa-apa yang penting niatnya Membaca basmallah, membaca fatihah, itu awalannya Reff: Kalau ngaji tak boleh sambil makan, kalau makan jadi salah tujuan Kalau ngaji tak boleh nakal teman, kalau nakal jadi temannya syetan Syi’ir Tanpo Waton Oleh KH Abdurrahman Wahid (Gus Dur) Ngawiti ingsun nglaras Syiiran Kelawan muji marang Pangeran Kang paring rahmat lan kenikmatan Rino wengine tanpo pitungan Duh bolo konco priyo wanito Ojo mong ngaji Syare’at bloko Gur pinter ndongeng, nulis lan moco Tembe mburine bakal sengsoro Akeh kang apal Qur’an haditse Seneng ngafirke marang liyane Kafire dewe gag di gatekke Yen isih kotor ati akale Gampang kabujuk nafsu angkoro Ing pepaese gebyare ndunyo Iri lan meri sugihe tonggo Mulo atine peteng lan nisto Ayo sedulur jo nglaleake Wajibe ngaji sak pranatane Nggo ngandelake iman tauhite Baguse sangu mulyo matine Kang aran soleh bagus atine Kerono mapan seri ngelmune Laku thoriqot lan ma’rifate Ugo hakikot manjing rasane Al-Qur’an Qodim wahyu minulyo Tanpo ditulis biso diwoco Iku wejangan guru waskito Den tancepake ing njero dodo Kumantil ati lan pikiran Mrasuk ing badan kabeh jeroan Mu’jizat Rosul dadi pedoman Minongko dalan manjinge iman Kelawan Allah kang moho suci Kudu rangkulan rino lan wengi Ditirakati diriyadhohi Dzikir lan suluk jo nganti lali Uripe ayem rumongso aman Dununge roso tondo yen iman Sabar narimo najan pas pasan Kabeh tinakdir saking pengeran Kelawan konco dulur lan tonggo kang podo rukun ojo ngasio Iku sunahe Rosul kang mulyo Nabi Muhammad panutan kito Ayo nglakoni sakabehane Allah kang bakal ngangkat derajate Senajan ashor toto dhohire Ananging mulyo maqom drajate Lamun palastro ing pungkasane Ora kesasar roh lan sukmane Den gadang Allah swargo manggone Utuh mayite ugo ulese Lagu: Disini senang disana senang ( Disini Ngaji disana Ngaji) Disini ngaji, disana ngaji Dimana saja, aku mengaji Di masjid ngaji, di rumah ngaji, Di sekolah pun, akau mengaji Reff: Ngaji itu wajib bu…! Ngaji itu Wajib pak..! Ayo kita mengaji, berangkat ke TPQ… Lagu: Aku anak sehat ( aku anak islam) By: Mardiman, SPdI Aku anak Islam, kitabku Qur’an Karena hiduku perlu pedoman Agar diberkahi, slalu di pelajari Juga diamalkan setiap hari Sholat 5 waktu kuajibanku Hormat dan bakti kepada guru Agar aku selamat, dunia dan akherat Pertolongan Muhammad yang memberi safa’at Syi’iran Habib Syekh Sholli Wasallim da'iman 'ala Ahmada...2X wal ali wal Ash-habi man qod wahhada...2X Sholat limang waktu ayo podho jogo Jama'ah ning Masjid bareng sak kluargo Ganjarane slawe jare nang Suargo Malah iso dadi pitu likur ugo Yen sholat kesusu ora bisa pernah Ruku' lan sujude ditoto sing genah Sing khusyu' lan hudhur ugo tuma'ninah Ngenteni sing wajib lan ngenteni sing sunnah Akeh anak podho matur Tahlilan bid'ah Akeh anak podho matur Sholawatan bid'ah Bapak Ibu ora njawab sebabe susah Durung durung anak iki kok ora nggenah Akeh mantu podho matur Yasinan dosa Akeh mantu podho matur Tahlilan dosa Maratua ora njawab sebabe kroso Durung durung mantu iki kok wis loro Lanang karo wadon podho keluyuran Pamit ning wong tuwo jare pengajian Ing nyatane malah do pacar-pacaran Budhal soko ngaji do bonceng-boncengan Lanang karo wadon manggon sepi-sepi Gandeng senggal-senggol koyo kebo sapi Ngono kuwi dosa mnurut poro Nabi Ojo diterusno yen durung dirabi Lir-Ilir Cipt: KANJENG SUNAN KALI JOGO Lir-ilir, lir-ilir Tandure wus sumilir Tak ijo royo-royo Tak sengguh panganten anyar Cah angon – cah angon Panekno blimbing kuwi Lunyu-lunyu panekno Kanggo mbasuh dodotiro Dodotiro – dodotiro Kumitir bedah ing pinggir Dondomana jlumatana Konggo seba mangko sore Mumpung padang rembulane Mumpung padang kalangane Yo suraka, surak hiyo